Home » » "SYI'IRAN JAWA HABIB SYEKH BIN ABDUL QADIR ASSEGAF SOLO"

"SYI'IRAN JAWA HABIB SYEKH BIN ABDUL QADIR ASSEGAF SOLO"

Written By MuslimMN on Kamis, 17 Februari 2011 | 19.36


"SYI'IRAN JAWA
HABIB SYEKH BIN ABDUL QADIR ASSEGAF SOLO"

Sholli Wasallim da'iman 'ala Ahmada...2X
wal ali wal Ash-habi man qod wahhada...2X
Sholat limang waktu ayo podho jogo
Jama'ah ning Masjid bareng sak kluargo
Ganjarane slawe jare nang Suargo
Malah iso dadi pitu likur ugo
Yen sholat kesusu ora bisa pernah
Ruku' lan sujude ditoto sing genah
Sing khusyu' lan hudhur ugo tuma'ninah
Ngenteni sing wajib lan ngenteni sing sunnah
Akeh anak podho matur Tahlilan bid'ah
Akeh anak podho matur Sholawatan bid'ah
Bapak Ibu ora njawab sebabe susah
Durung durung anak iki kok ora nggenah
Akeh mantu podho matur Yasinan dosa
Akeh mantu podho matur Tahlilan dosa
Maratua ora njawab sebabe kroso
Durung durung mantu iki kok wis loro
Lanang karo wadon podho keluyuran
Pamit ning wong tuwo jare pengajian
Ing nyatane malah do pacar-pacaran
Budhal soko ngaji do bonceng-boncengan
Lanang karo wadon manggon sepi-sepi
Gandeng senggal-senggol koyo kebo sapi
Ngono kuwi dosa mnurut poro Nabi
Ojo diterusno yen durung dirabi

Share this article :

1 komentar:

 
Meningkatkan Cinta Kita pada Sang Nabi
Copyright © 2011. PUSTAKA MUHIBBIN - Web Para Pecinta - All Rights Reserved
PROUDLY POWERED BY IT ASWAJA DEVELOPER
Themes by Maskolis.com | Published by Mas Template